Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Dirja : "Arep nylameti 1000 dinane ibuku."
Danu : "Gedhen-gedhen apa climen bae ?"
Dirja : "lya mung climen bae. Mung sacukupe bae. Aku ora tau
duwe gawe gedhen-gedhenan. Mung netepi adat tataca-
ra bae."
Danu : "Kasinggihan nek ngono. Aku dhewe iya mung netepi,
adat tatacara sing wis lumrah katindakake. Sepasaran
apa dene nyelapani anakku mung reringkesan bae."
Dirja : "Aku iya ngono. Apa ta perlune duwe gawe gedhen-ge
dhen. Kuwi rak mung mbuwang wragat bae. Ngentek-en-
tekake dhuwit kang tanpa tanja."
Danu : "Mula iya ngono. Tinimbang dhuwit kabuwang tanpa tan-
ja, prayoga digemeni. Ing tembe buri dhuwite kanggo
ngragadi sekolahe."
Dirja : "Hla iya, ta. Akeh wong kleru tumindake. Nyepasari apa
dene nyelapani tekane sunatan sapiturute digawe ge-
dhen-gedhen, nganti direwangi utang-utang. Bubar duwe
gawe dodolan apa ta apa kanggo nyaur silihan. Tekan ing
besuke anake ora karagatan. Sekolahe padha kapiran."
Danu : "Ngono kuwi akeh banget, Mas. Ngono kuwi jeneng urip
awur-awuran. Kena kaaranan ora welas karo anake."
Dirja : "Kasinggihan mangkono. Ngono iku malah kanggo jor-
joran, kanggo umuk-umukan."
Danu : "Mula bener tuntunaning Pamarentah menyang rakyate.
Kudu padha urip prasaja. Prasaja ing sakabehe."
Dirja : "Prayogane iya kudu mangkono. Yen kurang pangati-ati-
ne ing tembe buri sapa sing bakal ngrasakake rekasane,
ora liya iya awake dhewe."
Danu : "Mula iya abot tanggung jawabku lan tetanggungan pan-
jenengan tumraping nenuntun marang masarakat."
Dirja : "Tenane iya mangkono. Mula aku lan panjenengan kudu
tanpa kendhat anggone padha aweh sesuluh marang
masarakat. Aweh tuladha, aku panjenengan dadia tetula-
dhane wong akeh."


VI. KASUSASTRAN

   _____

45