Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 7

II. KAWRUH BASA

B. Tegese unen-unen :

1. sayembara pilih = pasanggiri sapa sing bisa minangkani oleh ganjaran putri.
2. pilih-pilih wong = ora saben
3 pilih-asih = ana salah siji kang diasihi
4. pilih tandhing = arang-arang kang bisa nandhingi.
5. pilih lalab = kabeh dirampet
6. pilih-pilih tebu = nampik kang ala oleh ijol kang luwih ala.
7. prajurit pilihan = ora sadhengah prajurit
8. padha asesanti pilih mati = aluwung mati

D. Wangsalan ing ngisor iki karepe njaluk gendhing :

1. Sekar gadhung kongas gandanya.
 Sasmita njaluk gendhing : Sekar Gadhung.
2. Mring paduka angayun-ayun asmara.
 Sasmita njaluk gendhing : Ayun-ayun.
3. Rinipta pindha puspita, pantes patrape kang warni.
 Sasmita njaluk gendhing : Puspawarna.
4. Esemira lir gebyaring thathit, maweh renyeping wardaya.
 Sasmita njaluk gendhing : Renyep.
5. Kapiyarsa kumaricik suwaraning tirta.
 Sasmita njaluk gendhing : Ricik-ricik.

E. Wangsalan kanggo sasmita jenenging tembang kang dika-
repake :
1. Aja na mundur pakewuh. (tembang Durma)
2. Mingkar-mingkur ing angkara. (tembang Pangkur)
3. Mrih sarkara kang pinurweng kawi. (tembang Dhandhang-
gula)
4. Mrih dadi kanthinira. (tembang Kinanthi)
5. Kancana timbul ing warihan. (tembang Maskumambang)
6. Aja wuluh ati nira. (tembang Duduk wuluh - Megatruh)
7. Abrangta ing ngelmu. (tembang Asmaradana)
8. Ywa nganggo budi nom-noman. (tembang Sinom)

40