Kaca iki wis divalidasi
D. Tegese tembung-tembung kang kacithak kandel:
- Surya sampun serap (= srengenge)
- Sapunika surya kaping 26 Rejeb (= tanggal)
- Swaraning peksi sampun sirep. (= boten rame)
- Benteripun badan sampun sirep. (= mantun benter)
- Resi Drona ing Soka Lima. (= pandhita tapa).
- Resi kintunan arta saking Pos. (= layang pratandha wis nampa).
- Lampahipun R. Wrekudará medal wanadri. (= lakune)
- Nalika taksih enem ageng lampahipun. Sareng sepuh manggih kamulyan. (= prihatosipun)
- Ringgit dalu punika mendhet lampahan Bima Suci. (= lakon)
III. PARAMASASTRA
Tegese ater-ater sa :
| 1. | sakarepe bocah. | = | sabarang karepe |
| sapolah-polahe | = | kepriye polahe | |
| 2. | samaremmu | = | sapira maremmu |
| sakranjang | = | siji kranjang | |
| 3. | entenana satekane | = | nganti tekane |
| satekane omahmu | = | nek wis tekan | |
| 4. | watu sagajah | = | padha karo gajah |
| sakiwa-tengene | = | kabeh ing kiwa-tengene | |
| 5. | sapungkure bapak | = | sawise pungkur |
| eyang sapendhereke | = | karo pendhereke | |
| 6. | regane bakal klambi sametere | = | saben metere |
| sacukupe wong loro | = | manut cukupe | |
| sacukup-cukupe | = | nganti cukup | |
| 7. | Nardi karo Narta dadi saomah | = | nunggal omah |
| wong saomah lunga kabeh | = | saisine omah | |
| 8. | jaran 'salapake | = | karo lapake |
| lagi ana sataun | = | siji taun | |
| 9. | nanging sanyatane... | = | miturut nyatane |
| satemene aku... | = | miturut temene |
38