Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. KAWRUH BASA

B. Bebasane kang mathuk :

  1. Nabok nyilih tangan.
  2. Nyangoni kawula minggat.
  3. Lanang kemangi.
  4. Nututi layangan pedhot.
  5. Idu didilat maneh.
  6. Dikena iwake, aja nganti buthek banyune.
  7. Nglungguhi klasa gumelar.
  8. Nggutuk lor kena kidul.
  9. Sandhing kirik gudhigen.
  10. Ancik-ancik pucuking eri.
  11. Sedhakep ngawe-awe.
  12. Ora uwur ora sembur.

C. Rura basa :

  1. ndheplok gethuk benere ndheplok tela, nanging ora lumrah (aneh).
  2. mikul dhawet benere mikul angkring dhawet, nanging ora lumrah.
  3. mbathik iket benere mbathik mori supaya dadi iket, nanging ora lumrah.
  4. menek krambil benere menek wit krambil, nanging ora lumrah.
  5. adang thiwul benere adang glepung gaplek digawe thiwul, nanging ora lumrah.
  6. ngenam klasa benere ngenam mendhong (pandhan) supaya dadi klasa, nanging ora lumrah.
  7. adang sega benere adang beras, nanging ora lumrah.
  8. ngombe kopi benere ngombe wedang kopi, nanging ora lumrah.
  9. nenun mori benere nenun benang supaya dadi mori, nanging ora lumrah.
  10. ngantih benang benere ngantih kapas supaya dadi benang, nanging ora lumrah.

37