Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

C. Srekalan = plesedan = blenderan :

  1. Pitik-pitik kang diedol ana pasar mesthi disrimpungi supaya ora mlayu.
  2. Krambil-krambil kang dituku ing wong durung mesthi wutuhan, nanging separo utawa saprapirane. Mesthi bae dikepruki, kareben bisa diperang-perang manut sing dituku.
  3. Buntute mesthi ana ing buri. Ora ana buntut ana perangan sirah.
  4. Dadi 8, marga lawane 5 karo kalonge cacahe 3.
  5. Gandhen iku ana endhase,
    Manuk bubut iku ana wulune,
    Manuk kathik bisa mabur, marga manuke kathik waras.
  6. Wong jajan ana ing dalan ya oleh jajanan sing dituku ngono, ora bakule sing didol menehi pulisi marang sing jajan.
  7. Ora batal, lah wong asune iku ndilati sikile dhewe, dudu sikile pak kaji.
  8. Ya mesthi bae ora gelem diklekarake miring, wong Parta iku lagi dadi manten tur durung wayahe turu lan bisa turu miring dhewe.
  9. Mesthi bae wong nylumbat krambil iku kathokan, lan sing dienggo nylumbat iku dudu kathok nanging slumbat saka wesi utawa kayu:

D. Tegese sanepa ing ngisor iki :

  1. Pikirane landhep dhengkul
    — Dhengkul iku pucuke bujel (ora ana landhepe) mangka dianggep luwih dening landhep,
      tegese luwih dening kethul.
    — Pikirane kethul banget (bodho banget).
  2. ulate bening leri
    — Leri (= banyu pususan beras) iku buthek, dianggep luwih bening, tegese luwih dening buthek
      (buthek banget)
    — Ulate buthek banget (ora padhang)
  3. Utangé arang wulune kucing
    — Wulune kucing iku kerep banget, mangka dianggep luwih arang, tegese
    luwih dening kerep.
    — Utange kerep banget utawa ngendi-endi ana.

30