Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Adus kringet = kangelan utawa rekasa banget.
    Suku jaja ateken janggut = senajan kepeksa rekasa dilakoni.
  2. Nggegem tangan = kesed, ora gelem tumandang gawe
    Ngekep dhengkul = nganggur.
  3. Ati bengkong oleh oncong = “duwe a ala oleh dedalane.
    Dhayung oleh kedhung = Oleh dalan (rana) sing prayoga.
  4. Atine ati dhondhahng = jail, seneng maeka ing liyan.
    Atine ana wulune = ala atine.
  5. Keguguran wukir sari = nemu kabegjan gedhe.
    Nyandhung cepaka sawakul = nemu kabegjan gedhe.
  6. Empol pinecok = gampang bangét.
    Gudir binendho = gampang banget.
  7. Ngungkak krama = = nerak tatakrama
    Murang tata = ora nganggo tatakrama; degsura
  8. Geguyon dadi tangisan = maune mung sembrana dadi prakara gedhe.
    Kriwikan dadi grojogan = prakara cilik dadi nika gedhe.

E. Candrane :

  1. Raden. Gathutkaca iku otot kawat, balung wesi, sungsum gegala, kulit tembaga, daging kencana, driji gunting, sikut palu , dhengkul paron, ngagem caping basunanda, kotang antrakusuma, udan datan kodanan, panas datan kepanasen, bisa mletik tanpa suthang, bisa mabur tanpa elar
  2. Lakune lengket-lengket kaya macan luwe
  3. Untabing wadyabala-kaya gabah diinteri
  4. Antenge kaya panganten
  5. Swarane kaya mbelahna bumi
  6. Lakune baris kaya sela blekithi
  7. Lingak-linguk kaya kethek ditulup
  8. Rukune kaya mimi lan mintuna.
  9. Ramene lir prahara nempuh wukir

22