Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wah nlangsa banget atiku bareng anggonku nggarap testing calon pegawe ora rampung. Mangka sajatine aku bisa kabeh.
  2. Ya ora maido manawa pamanmu nggrantes panggalihe, lah wong bandhane wis entek-entekan kanggo nambakake putrane olehe lara tetaunan, kathik ora bisa ngukup pisan.
  3. Toni, ora mung pisan olehmu gawe susah marang aku. Angger aku arep budhal menyang kantor, sepedha motore mesthi wis kothong bengsine.
  4. Eyang melu ndedonga muga-muga kowe oleh jodho sing kebeneran bisa nyembadani lan tanggung jawab marang kulawarga.
  5. Yen Narta arep kojodhokake karo Narsi sing terang ora cocog lah wong bocah loro iku ngalor-ngidul wewatakane.
  6. Saoto karo iwak empal iku kanggoku pancen mathuk banget.

C. Ukara :

  1. — Adhiku sing mau mrengut bae, bareng dituruti panjaluke banjur ngguyu.
    — Bocah kang ora cugetan aten iku, senajan diolok-olok ya mesem bae.
    — Ora pantes, bocah wadon cekakakan ngono kuwi !
  2. — Wong tuwa nyapu dhewe sing enom mung ngawasake bae iku apa pantes ?
    — Saka kadohan aku ngulatake wong mlaku ing jero kampung kang nyalawadi.
    — Aku namatake tamu kang linggih ana ing papan remeng-remeng.
  3. — Kancaku ngandani aku manawa mengko bengi kanca-kanca arep padha mrene.
    — Aku nuturi adhiku supaya dadi bocah sing pinter lan mbangun miturut karo wong tuwa.
    — Eyang ndunungake aku sapa satemene sing ngopeni aku karo adhi-adhiku nganti
     tekan seprene iki.

20