Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. cagak lek   =   srana supaya betah melek
     — Aku silihana bukumu roman, kanggo cagak lek yen bengi.
  2. wedi getih   =   jirih
     — Kanca-kancamu tansah ngece kowe marga ngreti yen kowe bocah lanang kang wedi getih.

C. Tegese saloka iki :

  1. Gajah ngidak rapah = tiyang ingkang nrajang wewaleripun piyambak.
  2. Kodhok nguntal gajah = samubarang ingkang langka kadadosanipun.
  3. Semut ngadu gajah = tiyang alit ngaben tiyang ageng.
  4. Tengu ngadu gajah = tiyang alit ngaben tiyang ageng.
  5. Nggajah elar = tiyang ingkang sarwa ageng lan santosa kekajenganipun.
  6. Kebo kabotan sungu = tiyang ingkang rekaos gesangipun amargi saking kekathahen anak.
  7. Kebo mulih ing kandhange = tiyang ingkang wangsul dhateng papan padununganipun malih.
  8. Kebo nusu gudel = tiyang sepuh nedha wuruk dhateng tiyang enem.
  9. Bebek mungsuh mliwis = tiyang pinter mengsah tiyang pinter, namung ingkang setunggal langkung ubet.
  10. Kutuk marani sunduk = tiyang ingkang nemaha dhateng bebaya.
  11. Ula marani gitik = tiyang ingkang nemaha dhateng bebaya.
  12. Belo melu seton = tiyang ingkang namung anut grubyug kemawon, boten sumerep punapa.wigatosipun.
  13. Iwak klebu ing wuwu = tiyang ingkang kenging paeka.
  14. Asu gedhe menang kerahe = tiyang ageng punika temtu menangipun
  15. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = tiyang ingkang kekirangan dipun pasrahi nyepeng bandhà, dangu-dangu inggih gadhah melik.

15