Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

WULANGAN 3

    II. KAWRUH BASA
        B. Tembung entar :
            1. lobok atine        = gampang anggone tetepungan,
                                        ora gampang nesu.
            2. jembar segarane    = sugih pangapura, welasan
            3. lunyu ilate        = guneme mencla-mencle, ora kena
                                        diendel.
            4. tipis lambene      = seneng nyatur wong, seneng misuh
            5. entheng tangane    = cengkiling
            6. gedhe endhase      = gembelengan, sumangkeyan
            7. ngatonake siyunge  = nuduhake panguwasane
            8. nggegem tangan     = kesed, ora gelem tumandang gawe.
            9. lumah tangan       = ora gelem cawe-cawe
            10. nyolok mata       = njarag tumindak kang kurang
                                        prayoga
            11. lunyu ilate       = guneme mencla-mencle
            12. nggedhekake puluk = nengenake pangan, kurang (ora 
                                        ana) prihatine.
            Ukara nganggo tembung entar :
             1. mogel ilate       = memangan akeh warna-warna lan
                                          sarwa ena, nedha eca.
             - Nalika sukurane kancaku, wah Darna klakon 'mogel 
               ilate temenan, marga suguhane enak-enak lan mbanyu 
               mili.
             2. ngabangake kuping = gawe muntab
             - Tembungmu iku mung sakecap, nanging 'ngabangake 
               kuping' kanggoku.
             3. peteng atine      = bundel, sedhih banget.
              - Mbakyumu lagi peteng atine, marga ora ketampa ana
                SMA.
             4. adus kringet      = (kanthi) kangelan utawa rekasa
                                          banget.
              - Olehku nyambut gawe dakrewangi adus kringet, 
                ewadene ora bisa nyembadani kabutuhane kulawarga. 


14