Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/9

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis divalidasi

III. PARAMASASTRA

A. Gatekna tuladha-tuladha iki!
(1). Tuladha ukara tanduk itransitip liyane :
     a. Asuku turu.
     b. Aku lagi adus.
     c. Adhiku wis tangi.
     d. Kancaku bisa singsot.
     e. Kanca-kanca padha ngguyu.
     f. Bocah-bocah padha ndhingkluk.
     g. Kowe bisa ndengengek?
     h. Kowe aja sedhakep!
     i. Budi karo Narti mleku-mleku.
     j. Pak Lurah manthuk-manthuk.
     k. Bocah nakal loro iku tabok-tinabok.
     l. Kowe karo adhimu aja tabok-tabokan!

(2). Tuladha tembung tanduk transitip liyane :
     mbalang nggared
     nambal manah
     njereng njemparing
     nggitik ngundhuh
     nata ngambu

(3). Tuladha liyane tembung tanduk intransitip sawise dipanambangi / utawa ake dadi tembung tanduk transitip!
     ndongeng --> ndongengi, ndongengake
     ngomel --> ngomeli, ngomelake
     ngalah --> ngalahi, ngalahake
     dondom --> ndondomi, ndondomake
     mencolot --> mencocoli, mencolotake
     njangkah --> njangkahi, njangkahake
     ndhodhok --> ndhodhoki, ndhodhokake
     ngumpul --> ngumpuli, ngumpulake
     nggandhul --> nggandhuli, nggandhulake
     ngineb --> nginebi, nginebake

7