Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 1

II. KAWRUH BASA

 B

  1. Saben awal sasi Juli sekolahan-sekolahan nganakake pendaptaran murid anyar kang diarani PMB.
  2. Murid pindhahan saka sekolahan liya iku lumrahe dites dhisik.
  3. Wektu pasinaone murid SD ing dalem setaun diperang dadi telung caturwulan.
  4. Wektu pasinaone murid SMP ing dalem setaun diperang dadi rong semester.
  5. Murid-murid sing ora mlebu sekolah dicatheti ana absensi.
  6. Saben guru kagungan daptar kanggo nyatheti murid-murid sing mlebu sekolah kang diarani presensi.
  7. Daptar kang isi urut-urutan piwulang ing saben dinane diarani jadwal pelajaran.
  8. Saben dina Jumuah esuk murid, guru, karyawan wajib nindakake senam kang diarani SKJ.
  9. Saben akhir semester murid-murid wajib melu ulangan kang diarani tes sumatif.
  10. Saben pertengahan semeslier ing SMP lumrahe dianakake ulangan kang diarani tes-subsumatif.
  11. Ulangan kanggo njajagi apa kang ndadekake kangelane saben murid tumrap wulangan kang wis dilerangake diarani tes diagnostik.
  12. Ulangan kang kanggo dhasar mbecikake "proses belajar mengajar” diarani tes formatif.
  13. Tes kang jawabane kudu milih jawaban-jawaban kang cumawis utawa ngisi titik-titik kang wis sumadhiya iku diarani tes obyektif.
  14. Tes wujud pitakonan-pitakonan kang kudu dijawab kanthi nerangake sacetha-cethane (uraian) iku diarani tes essay.
  15. Saben "kelompok belajar” kudu kerep nganakake diskusi ngrembug wulangan-wulangan kang sakira angel.

C. Ukara kang migunakake tembung-tembung sing kandel pangecape :

  1. Proses belajar mengajar ing saben sekolahan wis ditata kaya kang kapacak ana ing jadwal pelajaran.

5