Kaca iki durung katitiwaca
- mangan → memanganan (a)
Memanganan ana ngomah iku kudu nelingi sedulur-se-
dulure, aja mung waton doyan bae ! (b)
3. Dadine rimbag dwiwasana (a) lan panganggone ing ukara
(b).
- dengek → dengengek (a)
Adhiku kang lagi mapan turu, bareng ngreti swarane ibu
banjur ndengengek (b)
- Cekik → cekikik (a)
Bocah-bocah iki kok pating cekikik kuwi ana apa ta ?' (b)
- cengis → cengingis (a)
Kanca-kanca sing padha guyon, bareng didukani ibu gu-
ru padha pating cengingis (b).
- Cekak → cekakak (a)
Krungu lelucone dhagelan, penonton padha ngguyu pa-
ting cekakak' (b)
- bedhug → bedhudhug (a)
Wetengmu mbedhudhug iku ana apane, Bud !
4. Tegese rimbag dwilingga kang kacithak kandel ing ukara : - njowal-njawil = bola-bali njawil - gedhe-gedhe = akeh gedhe - kanca-kancaku = kabeh kancaku - nyapu-nyapu = kaya ta nyapu - mrena-mrene = tansah mrene - sauni-unimu = sapira/kepriye unimu
IV. NULIS
Panulisane nganggo aksara Jawa :
꧋ꦥꦭꦁꦩꦺꦫꦃꦧꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉
꧋ꦭꦿꦱꦱꦠ꧀ꦲꦶꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦸꦛꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦲꦤꦲꦺꦴꦂ
ꦒꦤꦶꦱꦱꦶꦲꦸꦠꦮꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦥꦭꦁꦩꦺꦫꦃꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺ
67