mangan → mangan-mangan (a). mongan-mengen (b) + Ayo Dhi mangan-mangan kene dhisik saanane ! + Le, olehmu mongan-mengen iku kok ora nganggo leren, apa wetengmu kuwi karung, ta ?
- ngajak → ngajak-ngajak (a). ngojak-ngejek (b). + Karepmu kepriye ta Dar, ngojak-ngejek jajan, ba- reng dilayani ninggal lunga! + Wiwit dina iki aku ora bakal ngajak-ngejek kowe ja- jan, mundhak gawe wirangku maneh ! - alon →alon-alon (a), alon-alon (b) + Ayo nguwoda kene alon-alon bae, kareben ora ke- plesed. + Timbang mbengoki alon-alon marang wong wuta sing lagi mlaku ana ing sawah, bok kotuntun bae rak uwis ! - beling → beling-beling (a), belang-beling (b) + Beling-beling pecahan gendul iki buwangen, mun- dhak ngenani wong liwat. + Sing nyuwara belang-beling kuwi sapa ta ?
2. Dadine rimbag dwipurwa (a) lan pangganggone ing ukara (b)) - mbuwang → mbebuwang (a) Yen mbebuwang becik ana WC (b) - suguhan → sesuguhan (a) Ing toko roti wis cumawis roti-roti kan pantes kanggo sesuguhan tamu (b) - dagangan → dedagangan (a) - Wong kang dedagangan iku mesthi mbutuhake pawitan (b) - nyandhang → nyenyandhang (a) Nyenyandhang iku kudu dipantes karo sing nganggo (b) - njaluk → njejaluk (a) Bocah ngujan iku yen njejaluk adate ora kena dise-
mayani
66