Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. a. mrojol selaning garu = langka sing madhani, linuwih.
  2. b. Kakangku iku dudu tedhak turuning dhalang, kathik plinter ndhaleang, rak  ngond kuwi ya jeneng mrojol selaning garu.
  3. a. nggayuh-nggayuh luput sabarang kang dijangka ora dadi.
  4. b. Nasib kuwi yen durung kebeneran, ndilalah nggayuh-nggayuh luput.
  5. a. emban cindhe-emban siladan = pilih sih.
  6. b. Piwelingku marang kowe, marang sor-soranmu anganti emban cindhe, emban  siladan, mundhak digunem ala!
  7. a. digarokake-dilukokake = dikon nyambut gawe abot.
  8. b. Bocah iku angger kok pakani wareg lan kok gatekake kabutuhane, bok digarokake-dilukokake ora bakal mingkuh.
  9. a. Baladewa ilang gapite. = ilang panguwasane, ilang kaluhurane.
  10. b. Tanggaku kang ngedir-ngedirake kas, saiki wis dadi Balade wailang gapite, amarga dipecat saka pagaweane.
  11. a. dudu berase ditempurake = ngudhoni rembug kang nyulayani (ora sambung)
  12. b. Kerep banget Diran iku ana pasamuan dadi ger-geran, lah wong dudu berase ditempurake, mula kerep dikuya-kuya kancane.
  13. a. dadia suket suthik nyenggut emoh sapa aruh.
  14. b. Yen kowe tansah wani karo wong tuwa, becik lungaa saka kene, saleruse dadia suket suthik nyenggut

III. PARAMASASTRA
RIMBAG RANGKEP
 B. Kang klebu golongan :
  (1). tembung dwlingga:
     omah-omah. anak-anakan, abang-abangan. 64