Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. a. mbuwang tilas = nylamur nindakake apa-apa supaya aja konangan pialane.
  2. b. Olehmu rewa-rewa maca buku iku karepmu rak mbuwang tilas ben padha ora ngerti yen kowe sing mecah ake kaca, ta?
  3. a. ora ndalan = ora ngerti tata, murang tata.
  4. b. Kowe kuwi kok ora ndalan ta, Le! Ana piyayi sepuh lenggahan, kowe numpak sepedha ora mudhun.
  5. a. ngemut driji = ora oleh-olehan apa-apa.
  6. b. lya kowe mau disangoni embahmu, lah aku rak mung /lingemut driji.
  7. a. padhang jagade = katon seneng (tentrem)
  8. b. Yen kowe arep njaluk tulung marang kancamu, ngen tepana yen kancamu wis padhang jagade.
  9. a. rupak jagade = judheg, ketekan pasaban.
  10. b. Wong kang gelem apus-apus iku wusanane dadi rupak jagade, marga wis ora dipercaya ing sapa bae.
  11. a. entek jarake = entek kasugihane, ilang kamulyane.
  12. b. Kepala Kantor kang dipecat jalaran korupsi, saiki dadi entek jarake, mula ora diajeni ing wong.
  13. a. anjujul wuwul = prakara kang muwuh-muwuhi rekasa, nyela-nyela.
  14. (njujul = njaluk jujul/susuk, wuwul = udhu, urunan). b. Kowembok aja njujul wuwul Iki lagi rembugan kang wigati!
  15. a. ngenaki ati = agawe senenging ati sarána tetembungan manis.
  16. b. Dar! Yen kowe wis saguh iya sing temenan, aja mung ngenaki ati thok, Iho!.
  17. a. nggadho ati = tansah agawe susahing ati,
  18. b. Kepenginanmu bab sepedha motor ampeten dhisik, aja nggadho atine wong tuwamu kang lagi sekeng.
  19. a. atine ana wulune atine ala.
  20. b. Tangga kang atine ana wulune iku manawa ana sing wong bisa tetuku barang mesthi gunem ala.
  21. a. kraket ing galar = mlarat banget.
  22. b. Aku iku duwe watak ora seneng ngrusuhi sedulur, mula senajan kraket nggalar ya daklakoni.

63