Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


R.S. : "Anu, dhek wingi aku tampa layang saka Klathen, ngendika-

ne bapak, ibu ngarep-arep banget, wong wis watara 4 taun iki aku ora tau tilik. Sasi iki adhi-adhiku mbeneri liburan, padha mulih menyang Klathen kabeh. Waleh weleh apa, sajatine padha arep kangen-kangenan."

M.K. : "O, ngono. Lah kondure besuk apa?"
R.S. : "Bok manawa minggu ngarep, wong angkahku ngiras arep

menyang Pengging barang, sowan embah."

M.K. : "Ingkang rayi sing isih sekolah pira?"
R.S. : "Telu, si Sukirja, Sukarsa, karo Sukemi. Mung Sukirja sasi

iki wis tamat sinaune. Malah jarene arep nyambut gawe Wis kepareng, iku sepure wis tekā."

M.K. : "Iya mangga, ndherekake sugeng."
R.S. : "Iya, nuwun."


VI. KASUSASTRAN

B. Wangsulane pitakon :
1. Kang kondhang akeh rumpakane kang awujud dolanan ga.
grag anyar iku kaya ta:
a. Ki Nartosabdo :
- Ibu Pertiwi
- Ayo ngguyu
- Praon
b. R.T. Wasitodipuro:
- Modernisasi Desa
- Sepur Thruthuk.
c. R.C. Hardjosoebroto :
- Kupu Kuwi
- Juru Taman.
2. Dolanan-dolanan gagrag anyar ing ngisor iku :
- Gugur Gunung dening Ki Nartosabdo
- Lumbung Desa dening Ki Nartosabdo

60