Kaca iki wis dikorèksi
Rimbag adiguna ke - en
2. Tegese ater-ater lan panambang ke - en :
- Tampare kedawan/kedawanen (= keladuk dawane)
- Kowe rada kemangidulen (= keladuk mangidule)
- Sepedhamu kapiken kanggomu (= keladuk apike)
- Aku kesepen ana ing desa (=ngalami luwih sepi)
- Jugangane kejeron (= keladuk jerone)
- Karpete kamban kanggo kamar iki (= keladuk ambane).
IV. NULIS
B. Panulise nganggo aksara Jawa :
ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝ ꦧꦤ꧀ꦝꦤꦺ
ꦤꦺꦴꦁꦏ ꦤꦁꦏꦤꦺ
ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ ꦒꦤ꧀ꦢꦤꦺ
ꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥ ꦠꦩ꧀ꦥꦤꦺ
ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁ ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦥꦺꦿꦁꦠꦺꦴꦭ꧀ ꦥꦺꦿꦁꦏꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦧꦺꦿꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁ ꦧꦺꦿꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁꦔꦺ
ꦒꦺꦴꦚ꧀ꦗ ꦒꦚ꧀ꦗꦤꦺ
ꦒꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦭ꧀ ꦒꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀
ꦒ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ ꦒ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦔꦺ
V. UNGGAH-UNGGUH Basa ngoko andhap :
M.K : "Lho Adhi, arep tindak menyang ngendi ?"
R.S : "Arep menyang Klathen, ditimbali bapak."
M.K : "Kok sajake ana prakara sing wigati, tandhane ingkang ra-
ma mawa nimbali Adhi."
59