Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Omah sarta pekarangan iku diarani bale pomahan.
  2. Omah-omahan kanggo jaga kampung iku diarani cakruk.
  3. Panggonane wong kang padha nginep hotel.
  4. Papan kanggo sinau ngaji arane pondhok.
  5. Omah cilik papan marung arane bango.
  6. Omah-omahan cilik tunggu tanduran ing sawah / tegal arane gubug.
  7. Rumah sakit kanggo wong lara TBC arane sanatorium.
  8. Papan kanggo penelitian arane laboratorium.
  9. Papan kanggo siaran radio/TVRI arane studio.
  10. Papan kanggo nyimpen pari arane lumbung.
  11. Papan kanggo nyimpen beras arane padaringan.
  12. Papan kanggo nyimpen barang-barang arane gudhang.
  13. Papan kanggo mandhe arane besalen.


D. Tegese tembung-tembung kang kacithak kandel ing ukara-ukara:

  1. lampahipun R. Werkudara   = lakune
  2. . . .ageng lampahipun     = prihatosipun
  3. lampahan Bale sagala-gala = lakon
  4. surya... serap        = srengenge
  5. surya kaping 26 Rejeb    = tanggal
  6. swaranipun sirep       = kendel
  7. benteripun badan sirep     = mantun
  8. Resi Drona            = wong suci kang wis dianggep dewa, pandhita tapa
  9. Resi kintunan arta      = surat pratandha kintunan (serat, paket, arta, kiriman)


III. PARAMASASTRA
A. Dhapukaning ukara camboran migunakake tembung pangiket :
 a. Aku ora pati pinter, mulane sregep sinau, supaya bisa lulus.
 b. senajan aku dipenging nerusake sekolahku, aku tetep nekad sekolah, mulane aku saiki dadi dhokter.
 c. Aku ora-duwe dhewe sasedulurku, ewa semono aku emoh njejaluk marang sedulurku, mulane sedulur-sedulurku padha ngajeni aku.

54