Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 9


II. KAWRUH BASA

B. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :

  1. Mangga sami ngindhakaken takwa kita dhateng Allah subhanahu wa tangala.
  2. Mugi-mugi musibah punika sageda katampi kanthi tawakal lan tansah istipar dhumateng Allah Ingkang Mahaasih.
  3. Kabeh dhokter wis ora saguh nambani larane sedulurmu iku, yen bisa mari jalaran mung diurut-urut bae iku sawijining mukjijat.
  4. Pati urip iku ana astane Pangeran, jer manungsa ora bisa uwal saka takdir.
  5. Mbok bilih boten wonten tangadur, kula badhe merlokaken sowan panjenengan benjing-enjing sonten.
  6. Wong sing didadekake imam ana ing solat jamangah iku lumrahe wong sing kandel imane.
  7. Wis dadi jamak lumrahe yen wong urip ana ing bebrayan iku kudu tulung-tinulung.
  8. Kepriye bisane kasembadan panjangkamu kudu korewangi setiyar kanthi temen-temen.
  9. Mugi-mugi sih kadarman punika sageda nambahi ngamal panjenengan.

C. Panganggone tembung-tembung sabawa (kata seru) kang kandel panyithake :

  1. Besuk kapan olehmu arep duwe gawe mantu, insya allah aku arep merlokake teka.
  2. Alkamdulillah kula saged katampi wonten SMA I Sala, Bu !
  3. KapanGunung Merapi olehe arep njeblug maneh, iku wallahu a'lam.
  4. Masa 'Allah, awakmu tatu kabeh iku kena apa, Bud !
  5. Astaga, esuk-esuk kowe kok kluyuran ana kene iki, ora sekolah ta !


48