Kaca iki durung katitiwaca
ꦱꦶꦠꦶꦒꦶꦭ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦤꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦒꦸ꧉
꧋ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦺꦢꦤꦺꦯꦁꦟꦡꦲꦶꦏꦿꦥꦾꦏ꧀ ꦲꦶꦪꦭ ꦒꦶꦢꦶꦤꦏꦸꦮꦶꦏꦸꦛꦩꦠꦫꦩ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦉꦗꦩꦤꦺꦴ꧉ ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦮꦠꦫꦱꦸꦮꦥꦫꦏꦮꦸꦭꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦝ ꦥꦿꦀꦃꦲꦠꦶꦤ꧀ ꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦫꦱꦤ꧀ꦠꦤꦢꦔ꧀ꦤꦩ꧀꧈
V. UNGGAH-UNGGUH
Basa ngoko andhap
Suparta : "Kula nuwun !"
Brata : "O, Dhi Parta ! Mangga lenggah kene bae ! Kersane
Adhi apa, sore-sore kok rawuh mrene?"
Suparta : "Anu Kangmas, manawa panjenengan ngersakake
mriksani wayang wong arep dakcaosi karcis. Aku diwe-
neh karcis loro. Manawa Kangma kersa arep dakdhe-
rekake."
Brata : "Kebeneran banget, Dhimas ! Aku wis suwe ora tau
nonton wayang. Aku mau malah wis kongkona tuku
karcis, jebul wis entek. Atiku ya gela mangka lakone
apik. Dadi anggon panjenengan maringi karcis iku ke-
beneran banget. Dhimas rak iya endang tindak ta ?
Panjenengan dakaturi lenggah dhisik, aku arep dan-
dan."
Suparta : "Iya mangga. Anggone busana Kangmas aja kesusu,
wong wektune isih akeh, dadi ora bakal kasep."
VI. KASUSASTRAN
C. Rumpakan rong pada ing buku iku (MArdi Jawi II kaca 97), bi-
sa kagolongake puisi Jawa gagrag anyar, amarga ora kaiket
wewaton :
- guru wilangan
- guru lagu
Edi penining rumpakan mung migunakake : pilihaning tem-
bung kan mentes, purwakanthi, tembung-tembung dwiling-
ga.
D (bisa digawe dhewe dening siswa).
47