Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

D. Udhalaning ukara-ukara :

   1. Manawa / kowe lega / aku nyilih bukumu
       (a)       (b)            (c)
      (a). Manawa              = tembung pangiket
      (b). kowe/lega(PU I)     = ukara gatra (anak kalimat)
                                 katrangan syarat.
          - kowe               = jejer
          - lega               = wasesa
      (c). aku/nyilih/bukumu   = ukara lajer (induk kalimat)
          (PU II)
          - aku                = jejer
          -  nyilih            = wasesa
          - bukumu             = lesan
   2. Marga / udane deres / aku nggawa payung
       (a)      (b)              (c)
       (a). Marga              = tembung pangiket
       (b). udane/deres (PU I) = ukara gatra (anak kalimat)
            - udane            = jejer
            - deres            = wasesa
       (c). aku/nggawa/pa-
            yung (PU II)       = ukara lajer (induk kalimat)
            - aku              = jejer
            - nggawa           = wasesa
            - payung           = lesan
    3. Adhi kula sakit /, milanipun / kula tumbas obat
           (a)             (b)            (c)
        (a). Adhi kula/sakit   = ukara lajer (induk kalimat)
             - Adhi kula       = jejer
             - sakit           = wasesa
        (b). milanipun         = tembung pangiket
        (c). kula/tumbas/obat  = ukara gatra katrangan akibat
             - kula            = jejer
             - tumbas          = wasesa
             - obat            = lesan
                                                       45