Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

III. PARAMASASTRA

A. Sing kalebu ukara camboran tunggal yaiku ukara-ukara nomer : 1. Ocehe mencoku apik, mulane aku seneng banget Buktine : - aku seneng banget (PU II) manunggal karo ocehe mencoku apik (PU I), yaiku nglungguhi gatra katrangan akibat ing PU I. - camboranig PU I karo PU II digamblangake (dieksplisitake) nganggo tembung pengiket mulane.

3. Guruku nerangake, manawa sekolahan kudu ana piket Buktine : - sekolahan kudu ana piket (PU II) manunggal karo guruku nerangake (PU I)), yaiku nglungguhi gatra lesan (obyek) ing PU I. - camboraning PU I karo PU II dieksplisitake nganggo tembung pangiket manawa. 4. Senajan udan deres, aku uga mlebu sekolah Buktine : - udan deres (PU I) manunggal karo aku uga mlebu sekolah (PU II), yaiku nglungguhi gatra katrangan kosok balen ing PU II - camboraning PU i karo PU II dieksplisitake nganggo tembung pangiket senajan. 5. Jalaran aku ora duwe dhuwit, aku ora jajan Buktine : - aku ora duwe dhuwit (PU I) manunggal karo aku ora jajan (PU II), yaiku nglungguhi gatra katrangan karana ing PU II.

- camboraning PU I karo PU II dieksplisitake nganggo tembung pengiket jalaran.

44