Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 
- tembung-tembung "andhahan endah" kang karimbag.
 sarana :
+ ater-ater a (agegaman, agawe, alelewa)
+ seselan in (tinitah, ginelung, tinulung)
+ seselan um (tumelung, tumiba, kumembang)
+ dhapur dwilingga (maya-maya, kaya-kaya)
+ dhapur dwipurwa (sesilih, sesambat, peputra)

2. Tuladha "puisi Jawa gagrag anyar" :

 SADAWANE DALAN

 
Kakang...
yen ing kutha wis lingsir wengi
delengen ta kakang
Sing padha turu gumlethak neng tritis
   wengi iki dheweke turu, kepati
   kinemul mendhung kinancan ratri
O, kakang.... penggalihen
yen wengi saya tintrim
kekes, adhem, cumlekit dadi siji
Banjur... subuh
kang padha turu kepati... krungu
ambal-ambalan bedhug tinabuh
wengine wis dadi esuk
srengenge jumedhul
Aweh esem sandhuwuring gumuk
bedhug bali keprungu maneh tengah rina
badan sapata... wis adoh gumregah
pangan...
njur sambat... nyuwun pangan
jroning ati nangis... sadawaning dalan
   O, kakang... wigatekna
   dheweke uga umat..
   padha karo kita

 

Pethikan saka: Bunga Rampal
SASTRA JAWA MUTAKHIR
J.J. RAS

 
B. Kanthi katrangan lan tuladha kaya ing dhuwur iku ana ngomah
 siswa bisa gawe puisi Jawa gagrag anyar kanthi irah-irahan :

                     TRANSMIGRASI

33