Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

 
5. a. Welingku marang kowe kabeh dibekti marang wong
      tuwamu sakloron!
   b. Wong tuwa iku wajib dibekteni dening anak.
   c. Wong tuwaku sakloron dakbekteni banget.

IV. NULIS
 -

V. UNGGAH-UNGGUH


  1. Bapak Menteri Transmigrasi maringake hadhiyah sapi sarakit marang kulawarga transmigrasi.
  2. Muga-muga panjenengan sabrayat krasan ana ing papan anyar, muga-muga pinaringan karahayon lan katentreman. lan bisa nyembadani kabutuhane kulawarga!
  3. Paningset panjenengan iku pundhutan pira kok pantes banget manawa sing ngagem panjenengan! Ing papan transmigrasi mbok manawa durung ana sing adol.
  4. Lo. panjenengan Dhimas! Mangga dakaturi lenggah kene! Apa saka ndalem bae? Rak ya padha slamet ta?
  5. Sokur besuk ana papan anyar kersa asring paring kabar menyang Wonogiri, supaya langgeng sesambungan kita.


VI. KASUSASTRAN
A. Penget:


  1. Ciri-cirine "puisi Jawa gagrag anyar" iku ora kaiket ing wewaton:
    - cacahing gatra
    - guru wilangan ing saben sagatrane
    - guru lagu (dhong-dhing)
    Endahing "puisi Jawa gagrag anyar" iku gumantung marang:
    - pilihaning tembung-tembung kang mentes,
    - purwakanthi,
    - wirama,

32