Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

D. Tembung-tembung kang mbangetake :

  1. sidhem premanem
  2. adoh ngaluk-aluk
  3. sabar drana
  4. cilaka mencit
  5. anyep njejet
  6. adhem njekut
  7. kebak mencep-mencep
  8. suwung byung
  9. ilang musna
  10. kojur sanga likur

11. biru kecu (erum)
12. bening nyliring
13. blaka suta
14. gandes luwes
15. panase sumelet
16. asat nggereng
17. sugih brewu
18. sayuk rukun

19. mubeng muser (ngganjret)

III. PARAMASASTRA

C. 1. Bapakmu apa wis kopundhutake sarapan sing ana lemari ?

  1. Bapak wingi dipundhuti dhuwit dening eyang.
  2. Omah iki wis dipundhut bapak setaun kepungkur.
  3. Nalika aku piknik disangoni ibu limang ewu rupiyah.
  4. Dhuwit Rp 5000,00 disangokake adhiku dening ibu.
  5. Anakmu apa wis kosangoni, Bu ?
  6. Bapak diwacakake koran dening ibu.
  7. Buku komik satumpuk iku wis diwacani adhiku.
  8. Layangku apa wis kowacakake marang embah ?
  9. Koran dina iki wis dakwaca awan mau.

D Ukara :

  1. a. Segaku wis dakpangan.
    b. Kucingku dakpakani tikus
    c. Tikus dakpakakake kucingku.
  2. a. Bukumu wis kojupuk?
    b. Pelem-pelem sing gogrog apa wis kojupuki ?
    c. Bok aku kojupukake wedang teh!
  3. a. Dhuwite wis digawa mulih adhiku.
    b. Adhiku digawani dhuwit dening ibu.
    c. Adhiku digawakake dhuwit ibu saka ngomah.
  4. a. Diwaspada marang reka dayane mungsuh.
    b. Reka dayane mungsuh diwaspadani dening bangsa kita.
    c. Kanca-kancaku kuwi yen dakwaspadakake temenan kok kurang teliti anggone padha sinau.

31