Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 5

II. KAWRUH BASA

B. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :

  1. Wong kang dadine transmigran jalaran thukul saka karepe dhewe lan wani ngetokake wragad dhewe kalebu transmigrasi swakarsa lan spontan.
  2. Para transmigran kang asale saka rakyat sadesa komplit karo lurahe kalebu transmigrasi bedhol desa.
  3. Amrih kasembadane program transmigrasi dibutuhake para transmigran kang gelem rekasa.
  4. Para transmigran iku bisa dadi urip mulya manawa wekel ing gawe lan gelem nglakoni urip prasaja.
  5. Palemahan kanggo transmigrasi ana sing dadi areal pemukiman lan areal garapan.
  6. Palemahan tilas bukakan alas iku lumrahe loh, sabab ngandhut humus sing ndadekake subure tetanduran.
  7. Para transmigran kang ora krasan banjur mbresot bali mulih iku sing akeh jalaran kesed lan ora gelem rekasa dhisik

C. Tegese tembung-tembung kang kaeçap miring ing ukara-ukara:

  1. katon cepaka sewakul = disenengi wong akeh.
  2. rahmating Gusti Ingkang Mahaagung = sih kawelasaning Gusti Ingkang Mahaagung.
  3. parimarmaning Pangeran = kawelasaning Pangeran.
  4. berkahing para sepuh = pangestu (pandonga) ing para sepuh.
  5. pinaringan kayuwanan = pinaringan kabegjan (kaslametan).
  6. pantes sinudarsana = pantes tinulad (diconto)
  7. pinaringan katentreman lan karahayon = pinaringan suka basuki / karahayon / kaslametan.
  8. bisaa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwamu sakloron = bisaa mulyakake jenenge wong tuwamu sakloron.
  9. ambeg adigang adigung adiguna = watak kang ngedir-edirake pangkat. kaluhuran, lan kapinteran.
  10. 30