Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

IV. NULIS
C. Panulise nganggo aksara Jawa kang bener:

  1. ꧋ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦲꦸꦤ꧀꧇​꧑꧙꧘꧙꧉
  2. ꧋ꦕꦺꦭꦺꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦸꦤ꧀꧇꧑꧗꧔꧒꧕꧒꧐꧇ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧉
  3. ꧋꧒꧘꧇꧑꧐꧙꧇꧗꧓꧒꧐꧇꧔꧙꧗꧓꧐꧇꧑꧖꧗꧒꧉
  4. ꧋ꦤꦒꦫꦄꦫꦧ꧀꧈
  5. ꧋ꦮꦸꦭꦤ꧀‌ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧈
  6. ꧋ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀‌‌ꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉
  7. ꧋ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀‌ꦔꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧈
  8. ꧋ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀‌​ꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉
  9. ꧋ꦫꦔꦶꦁꦔ꧀ꦢꦭ꧀‌​ꦄꦮꦭ꧀꧈
  10. ꧋ꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀‌ꦌꦱꦿꦶꦤ꧀
  11. ꧋ꦤꦸꦭꦶꦱꦺꦴꦁꦏ (ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀‌ꦮ꧀ꦢꦁꦏ)꧉

V. UNGGAH-UNGGUH
A. Ukara-ukara sesanti lan tegese:

  1. Rawe-rawe rantas malang-malang putung = kabeh kang ngegol-ngegoli sedyane, disirnakake.
  2. Sabaya pati = rukun nganti tekan ing pati pisan.
  3. Sadumuk bathuk, sanyari bumi = (padudon) prakara wong wadon utawa palemahan (dilabuhi toh pati).
  4. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah = Kerukunan iku bisa marakake kuwat, nanging manawa congkrah bisa ndadekake ringkih.
  5. Sepi ing pamrih, rame ing gawe = tanpa kamelikan apa-apa, nanging tumindak ing gawe kanthi mempeng.


26