Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

E. Paribasane

  1. Katon cepaka sawakul.
  2. Meneng widara uleran.
  3. Kakehan gludhug kurang udan.
  4. Ora ganja ora unus.
  5. Bathok bolu isi madu.
  6. Lahang karoban manis.
  7. (lahang legen; kargban kebanjiran, kelebon).


I. PARAMASASTRA
B. Dhapukaning ukara camboran wudhar sarana lagu (implisit)

  1. Aku mangan nangka, adhiku ngombe, wedang.
  2. Bapak tindak menyang kantor, ibu.resik-resik ana ndalem, aku karo adhiku menyáng sekolah.
  3. Adhiku sregep sinau, kakangku kesed banget.


C. Dhapukaning ukara camboran wudhar nganggo tembung pangiket (eksplisit):

  1. Kowe mau saka ngendi, dene wayah mene lagi mulih?
  2. Redi Merapi punika sampun inggil, ewadene meksa kawon-kaliyan redi Semeru.
  3. Aku iki wis tuwa, suprandene isih mempeng anggonku marsudi kawruh.
  4. Aku diarani njupuk buku, mangka aku weruh bae ora.
  5. Kali iki cilik, nanging iline banter temen.
  6. Dhateng kula radi kasep, margi kebetheng wonten margi.
  7. Mangke dalu kula boten saged sowan mriki, jalaran kadhawuhan ndherek bapak.
  8. Anggen kula damel sabun boten saged dados, sabab kekathahen toyanipun.
  9. Sedulur tuwa wajib dibekteni, awit dadi gegentine wong tuwa.
  10. Aku lagi ora duwe dhuwit, mulane bisa mitulungi.
  11. Sarehne arep dakkandhani dhewekan, kowe dakundang mrene,
  12. Darna punika radi cadhok mripatipun, milanipun manawi maos kerep klentu.

25