Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. solah tingkah = tandang tanduk, kalakuan.
    - Solah tingkah kang alus iku bisa nuduhake ajining dhiri ana ing pasrawungan.
  2. sugih miskin sugih utawa miskin, akeh sithiking bandha.
    - Warganing nagara iku sugih miskin nduweni hak kang padha.
    - Sugih miskin iku ora kena kanggo paugeran nemtokake drajating wong.
  3. gedhe cilik = gedhe utawa cilik, wiwit sing gedhe nganti tekan sing cilik.
    - Jambu iki gedhe cilik padha rasane.
    - Warga kampungku gedhe cilik padha ngadeg ana ing pinggir dalan nonton pawai.
  4. enom tuwa = enom tuwa, wiwit sing enom nganti sing tuwa.
    - Wit pelem.ing buri omah iku arep ditegor, mula peleme enom tuwa undhuhana.
  5. gawe parigawe = prakara sing perlu ditindakake.
    - Aku iki isih warismu dhewe, mula yen ana gawe parigawe aja lali ngabari aku.
  6. ruwet renteng prakara sing njalari rentenging nagara, reretu.
    - DPR iku wajib melu ngrembug ruwet rentenging nagara.

D. Kosok balen:

  1. alus bebudene >< kasar bebudene
  2. luhur bebudene >< asor bebudene.
  3. dhiri >< andhap asor, lembah manah
  4. gumedhe >< andhap asor, anor raga
  5. kajen keringan >< disepelekake
  6. kumalungkung >< sabar sareh, andhap asor
  7. lembah manah >< gumedhe, angkuh, kumaki
  8. pradhah >< saen, nylekuthis
  9. andhap asor >< deksura, kurang ajr
  10. blaba >< cethil

24