Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
WULANGAN 4

II. KAWRUH BASA
B lsine ukara-ukara:

  1. Yen wayah lingsir wengi aja seru-seru anggonmu ngunekake tape, sabab.kowe kudu ngelingi butuhing liyan.
  2. Swasana kampung bisa tentrem lan aman, manawa para wargane bisa srawung kanthi mong-kinemong lan jaga-jinaga.
  3. Pasrawungan ing kampung bisa sumadulur manawa para wargane padha duwe tepa slira, ing antarane siji lan sijine padha ajen-Ingajenan lan padha gelem nindakake gotong royong ngayahi kebutuhane kampung.
  4. Ngedohi larangan lan nindakake dhawuhe Gusti Allah iku diarani takwa.
  5. Yen kepengin nyingkiri anane padudon ing antarane siji lan sijine kudu dianakake musyawarah, aja nganti mung waton tumindak.

C. Ukara-ukara nganggo tembung saroja:

  1. gugur gunung = pakaryan negara kang sarana ngerigake wong padesan tanpa opah.
  2. - Mbangun dalan-dalan ing padesan umume katindakake sarana gugur gunung.
  3. bau suku bebau saka ing padesan kang nggarap sawah palungguh.
  4. - Lurah-lurah sing akeh-akeh anggone nggarap lungguhe kanthi cara masrahake marang bau suku kang piniji.
  5. derma bekti = panggawe kang nelakake bektine marang (negara. agama, Isp).
  6. - Para pejuang padha kepengin ngatonake darma bektine marang negara.
  7. tindak tanduk - patrap. solah tingkah.
  8. Ana ing pasrawungan kowe kabeh kudu tansah ngatonake tindak tanduk kang trapsila.

23