Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ꦏꦸꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦛꦺꦠ꧀ꦠꦶ

ꦚꦺꦴꦤ꧀ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ    ꦔꦽꦒꦼꦤ꧀ꦢꦶ
ꦲꦂꦒꦝꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ     ꦔꦤ꧀ꦛꦺꦴꦁꦔꦶ
ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ     ꦚꦭꦩ꧀ꦩꦶ
ꦤꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦏꦺ        ꦚꦫꦥ꧀ꦥꦶ


V. UNGGAH-UNGGUH
   Basa krama :
   Mbok Sardi  : "Sampeyan enjing-enjing kok sampun mruput dha-
                 teng peken. Wonten prelu punapa ta ?"
   Ni Merta   : "Badhe nempur, manawi radi kesiyangen, asring
                 boten kumanan, dene ingkang sami tumbas boten
                 ngemungaken tiyang ngriki kemawon."
   Mbok Sardi : "Kula punika saestunipun kemawon nggih betah
                 uwos kados sampeyan. Nanging kula srantosaken.
                 Benjing dinten pekenan kemawon. Dados regine
                 radi boten kawisen."
   Ni Merta   : "Makatena punika pekenan ngajeng punika rak de-
                 reng kengibg dipun temtokaken kathahing bakul
                 ingkang sade uwos, awit saweg nengah-nengahi
                 mangsa rendheng kados makaten ! Adat ingkang
                 sampun-sampun uwos pantunipun tiyang dhusun
                 sami dipun simpen kemawon."
   Mbok Sardi : "Mila leres cariyos sampeyan makaten punika. Tu-
                 junipun betah kula uwos boten kathah."
   Ni Merta   : "Manawi namung badhe tumbas uwos 10 beruk
                 kemawon, kula saged ngeteri."
   Mbok Sardi : "Lah inggih sae manawi makaten. Nanging regini-
                 pun salimrahipun kemawon."
   Ni Merta    : " Inggih ta. Mangke siyang-siyangan kula eteri 10
                 beruk.
VI. KASUSTRAAN
      ___
22