Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wong sing nglantarake pagunemane wong loro sing padha dene ora mangerti basane diarani juru basa.
  2. Wong sing pinatah ngreksa pakuburan utawa papan sing kramat diarani juru kunci.
  3. Wong sing pinter memethek (memeca) sarana palintangan arane juru nujum.
  4. Wong sing pagaweane nindakake tulis-tinulis ana kantor-kantor arane juru tulis.
  5. Wong sing pakaryane dadi tukang adang diarani juru dang
  6. Lurahing pelanyahan iku arane juru jalir.
  7. Wong kang duwe kapinteran tansah nganggit crita (karangan) diarani juru ngarang.
  8. Wong kang pakaryane ngumpulake pawarta, kang calon kapacak ing ariwarti iku arane juru warta.

C. Kang kasebut ing ngisor iki pakaryane:

  1. Jlagra iku wong sing pakaryane gawe piranti saka watu.
  2. Gemblak iku wong sing pakaryane gawe dandanan saka kuningan.
  3. Greji iku wong sing pakaryane njait sandhangan
  4. Gamel iku wong sing pakaryane ngopeni jaran.
  5. Blandhong iku wong sing pakaryane negori kayu.
  6. Sayang iku wong sing pakaryane gawe dandanan saka tembaga.
  7. Pekathik iku wong sing pakaryane nuntun/ngaritake jaran.
  8. Blantik iku wong sing pakaryane adol raja kaya.
  9. Kusir iku wong sing pakaryane nglakokake andhong utawa dhokar.
  10. Masinis iku wong sing pakaryane nglakokake sepur.
  11. Pilot iku wong sing pakaryane nglakokake montor mabur.
  12. Kondhektur iku punggawa sepur utawa bis kang pinatah mriksa karcis.
  13. Niyaga iku wong sing pakaryane nabuh gamelan.
  14. Waranggana iku wanita kang nembang mbarengi gendhing gamelan.
  15. Dhalang wong kang nglakokake sarta nyritakake wayang.
  16. Penyumping wong kang pinatah nata wayang ana kelir sadurunge padhalangan diwiwiti.

20