Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca
3. a. Parikan iku kagolong rumpakan puisi Jawa tradhisional, marga kaiket wewaton:
a. cacahing wanda saben sagatra 4/4, 4/8 utawa 8/8
b. cacahing gatra saben sapada:

- bisa 2, pamedhote lan purwakanthi sarta cengkorongane: - - - - (a) / - - - - (b)(4/4) - - - - (a) / - - - - (b)(4/4) - - - - (a) / - - - - - - - - (b)(4/8) - - - - (a) / - - - - - - - - (4/8) - - - - - - - - (a) - - - - - - - - (b) - - - - - - - - (a) - - - - - - - - (b)

- bisa 4, pamedhote lan cengkorongane: - - - - (a) - - - - (b) - - - - (a) - - - - (b)

b. Wangsalan iku uga kagolong rumpakan puisi Jawa tradhisional, marga kaiket ing wewaton:

- cacahing gatra saben sapada 2 kadhapuk dadi saukara, migunakake purwakanthi swara. - gatra kang kapisan 4 wanda, gatra kapindho 8 wanda. - gatra kang kapisan isine memper cangkriman, gatra kang kapindho isi bedhekane (tebusane). - cengkorongane: - - - - (a) / - - - - - - - - (a)

WULANGAN 3

II. KAWRUH BASA

B. Panganggone tembung camboran
  1. Tukang nglakokake prau arane juru mudhi.
  2. Wong kang pagaweane nyabrangake wong nganggo prau arane juru tambang.

19