Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wis 1.287 meter saking lumahipun seganten. Boten benten kaliyan Tawangmangu ing tembing kilen, minggah dumugi Sarangan hawanipun adhem trecep-trecep, atis ing kulit. Miturut cathetan manawi wanci dalu suhu ing ngrika saged ngantos 16° Celsius.

Manawi ngleresi libur utawi wonten wekdal longgar, para andon wisata saged tindak Sarangan. Saking kitha Magetan taksih minggah ndeder udakawis 17 km. Utawi manawi tetumpakan ingkang dipun ajak lumampah arupi mobil ingkang sehat, saged langkung Tawangmangu. Lajeng minggah udakawis 15 km. Marginipun alus, menggak-menggok, kaliyan sesawanganipun nengsemaken.
...............................................................................................................
(saged dipun lajengaken piyambak).

VI. KASUSASTRAN

1. Rumpakan dhapur puisi Jawa tradhisional
iku rumpakan kang edi penine migunakake pola kang ajeg (ajeg panganggone), mula kagolong basa kang pinathok, amarga kaiket ing wewaton warna-warna, kaya ta:
a. cacahing wanda saben sagatra (guru wilangan)
b. cacahing gatra saben sapadane,
c. gayutaning gatra-gatrane,
d. tibaning swara ing saben pungkasaning gatra (guru lagu utawa dhong dhing),

Rumpakan dhapur puisi Jawa gagrag anyar
iku rumpakan kang edi penine ora kaiket wewaton kaya ing dhuwur iku, nanging mung ngendelake :
a. pilihaning tembung-tembung kang mentes,
b. wirama,
c. busananing basa kang awujud: purwakanthi, dwipurwa, seselan um utawa in.

2. Rumpakan puisi Jawa kang kagolong puisi tradhisional iku kaya ta paribasan, bebasan, saloka, sanepa, parikan, wangsalan, tembang.
 

18