Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3. adhem njekut
   api-api
4. vila
7. edi peni
   terasering
   reseping

C. Tembung camboran (a) lan panganggone ing ukara (b) :

1. a. adhem njekut = adhem banget
   b. Ana Tawangmangu awakku krasa adhem njekut manawa wayah bengi.

2. a. sepi mamring = sepi banget
   b. Desa-desa kang maune sepi mamring wiwit jam 20.00 bareng katekan listrik dadi reja tekan jam 23.00.

3. a. Ijo royo-royo = ijo enom sumringah.
   b. Ing mangsa rendheng tanduran-tanduran katon ijo royo-royo.

4. a. ayem tentrem = ayem banget
   b. Pujiku marang kowe muga-muga ana papan anyar uripmu bisa ayem tentrem kalis ing sambekala.

5. a. seger kuwarasan = awake krasa kepenak sarta waras
   b. Marga saben esuk nindakake senam, awakku saiki krasa seger kuwarasan.

6. a. udan nggrejeh = udan terus-terusan
   b. Ing desa-desa kang adoh kutha, manawa udan nggrejeh adhakane akeh wong kang kemalingan.

7. a. gremis riwis-riwis = udan ora deres
   b. Iki isih gremis riwis-riwis, yen arep lunga nganggoa payung kareben ora keproh !

8. a. tanem tuwuh = tetanduran thethukulan saliyane pari.
   b. Ing mangsa ketiga akeh tanem tuwuh kang padha ngreteg godhonge, jalaran kekurangan banyu.

9. a. Sato kewan = sakehing kewan
   b. Ing alas gung liwang-liwung isih akeh sato kewan kang isih kesit.

10. a. Omah pekarangan = omah lan pekarangan
    b. Omah pekarangan tinggalane wong tuwaku muga-muga bisa tumurun marang anak putu.

12