Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
ꦩꦺꦴꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦂ ꦏ꧀ꦭꦺꦴꦩꦺꦴꦃ
ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦿꦸꦧꦸꦱ꧀ ꦭꦸꦩꦪꦸꦲꦶꦁꦒꦼꦢ꧀ꦢꦿꦶꦁ
ꦏ꧀ꦭꦺꦁꦱꦿꦺꦃꦊꦩꦃ ꦒꦺꦤ꧀ꦢꦿꦸꦮꦺꦴ
ꦢ꧀ꦭꦸꦮꦁꦏ꧀ꦭꦺꦴꦩꦺꦴꦃ


V. UNGGAH-UNGGUH
Basa ngoko andhap:

  1. Panjenengan dhek mau apa wis dhahar temenan? Manawa ora dhahar mangga ta lenggah dhisik!
  2. Aku dhek mau uga wis sowan mrene, nanging panjenengan ora ana dalem.
  3. Aku wis ngreti apa sing panjenengan kersakake!
  4. Mangga ta dakaturi pinarak dhisik, ora ketang mung sedhela, sokur kersa nyare pisan!
  5. Kagungane sepedha motor anyar iku pundhutan pira? Toko endi sing panjenengan pundhuti?
  6. Prayogane siram ana kene bae, banjur mengko padha bebarengan, mriksani wayang wong.
  7. Aja kondur dhisik, iki ana prekara wigati sing perlu panjenengan wuningani!
  8. Aku nyuwun priksa apa panjenengan sesuk-esuk sida kersa paring sesuluh marang sedulur-sedulur tani?
  9. Dhek wingi ingkang putra wis ketemu aku, ngendikane eyang ngersakake rawuh ing Sala.
  10. Aku wis nate matur marang ingkang ibu, manawa diparengake aku arep nyuwun ngampil kagungane sepedha rong dina bae.


VI. KASUSASTRAN
A. (bisa katindakake dhewe)
B. Purwakanthi kang kanggo ing unen-unen iki!
1. - purwakanthi sastra :
raras ririh réreh ngarih arih

10