Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

(3). - Bukune digawa kancaku.
- Buku-bukune digawani kanca-kancaku.
- Bukune digawakake kancaku menyang omah.
(4). - Bukune kagawa kanca menyang omahe.
- Buku-bukune kagawani kanca-kanca menyang omahe dhewe-dhewe.
- Bukune kagawakake kanca menyang omahku.
(5). - Bukuku apa kegawa kancaku menyang omahe ?
(6). - Bukuku ginawa kanca arep diwaca.

B. Latihan :
Dhapukaning ukara tanggap :

  1. Gegere kancaku dakkukur.
  2. Jembare sawahku dak-ukur.
  3. Jembare sawah-sawah diukuri juru ukur.
  4. Buku-bukuku diwacani Narti.
  5. Layang dikirimake Narto marang kancane.
  6. Adhiku dibebeda sapa ?
  7. Empal lagi digoreng ibu.
  8. Rotimu mau dakcuwil sethithik.
  9. Kaca jendhela mau dithuthuk sapa ?
  10. Bocah kelas loro ditantang bal-balan bocah kelas telu.


IV. NULIS
B. Panulise nganggo aksara Jawa kang bener!

ꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦺꦴꦁꦱ ꦕꦿꦸꦮꦠ꧀ꦧꦿꦸꦮꦺꦠ꧀
ꦢꦏ꧀ꦒꦸꦁꦒꦸꦁ ꦱꦸꦭꦶꦱ꧀ꦠꦾꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ
ꦔꦗꦏ꧀ꦔꦿꦱꦸꦃꦲꦶ ꦏꦽꦁꦒꦱ꧀ꦏꦽꦁꦒꦺꦴꦱ꧀
ꦲꦉꦥ꧀ꦔꦿꦁꦒꦺꦃ ꦠꦂꦗꦤ꧀ꦭꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦂ
ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦔꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦴꦁ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁ
ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦿꦺꦴꦃ ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ꦠꦽꦧꦁ

9