Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Dhapukan ukara nganggo tembung tanduk transitip ing dhuwur Iki!

— Mau bengi ibu ndongengi adhiku.
— Ibu ndongengake Timun Emas.
— Kowe kuwi ngomeli sapa ta, Yu ?
— Kowe kuwi ngomelake apa, Yu ?
— Aku kerep ngalahi adhiku sing nakal.
— Bantering layune adhiku bisa ngalahake layune kancane.
— Ibu ndondomi kebayake.
— Ibu ndondomake kebayake marang penjait.
— Tikus mencoloti adhiku kang lagi turu.
— Lakumu mencolotake tikus kang lagi diindhik kucing.
— Bapak lagi njangkahi ambane dalan ing ngarepku.
— Aku ora bisa njangkahake sikilku kang abuh iki.
— Mau bengi ana petengan bapak ndhodhoki maling kang mlebu ing pekaranganku.
— Hansip lagi ndhodhokake wong-wong kang padha nonton wayang.
— Ana kampungmu kowe kudu gelem ngumpuli warga kampung, aja urip ndhewe!
— Wingi Pengurus RT ngumpulake para mudha ing lingkungane.
— Aku lagi nggandhuli timba supaya bisa nyilem.
— Sapa sing nggandhulake lonceng ana ing uwit iki ?
— Yen bengi aku kajibah nginebi lawang-lawang.
— Sapa sing nginabake lawang gedhe iku kudu ngali-ali.

(3). Tuladha dhapukaning ukara nganggo tembung tanggap :

   (1). — Bukune dakgawa menyang sekolahan.
        — Buku-bukune dakgawani menyang sekolahan.
        — Buku-bukune dakgawakake murid-murid.
   (2). — Bukune kogawa menyang ngendi, ta ?
        — Buku-bukune kogawani menyang ngendi bae ?
        — Bukune kogawakake sapa?

8