Kaca:Kridha Basa 2.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Agung : Bener, Mbak, kandhamu.
Asih : Kajaba kuwi, karo maca mau yèn kowé nanggori tembung-tembung sing wigati, utawa ukara-ukara sing dadi bakuning gagasan, tembung utawa ukara-ukara kuwi wènèhana tenger. Upamané kogaris ngisoré, utawa koemblok nganggo pulas.
Agung : Utawa diemblok nganggo, apa Mbak kaé jenengé?
Stabillo?
Asih : Hee upamané nganggo stabillo. Sabanjuré, yèn kowé wis rumangsa apal lan mudheng, nyobaa gawé pitakon-pitakon sing magepokan karo bab utawa prakara sing kowaca kuwi. Pitakon-pitakon kuwi wangsulana dhéwé. Kanthi Cara-cara kuwi kowé mesthi cepet mudheng tur cemanthèl. Cobanen!
Agung : Iya, Mbak arep tak coba. Manik muwun ya, Mbak.
Asih : Ngono wé thik ndadak nganggo matur nuwun barang.
Agung : Lha piyé, diajani apa ora matur nuwun.
Asih : Ya wis, padha padha.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Agung njaluk diajari apa?
  2. Généya Agung njaluk diajari carané sinau?
  3. Sing uwis-uwis bijiné Agung kepriyé?
  4. Wong sinau kuwi ora kena mung angger apa?
  5. Coba critakna ringkes baé piyé carané sinau sing becik!

C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Sing wigati, wong sinau kuwi ora mung angger maca.
  2. Kula matur saleresipun, kula boten matur dora.
  3. Yèn wulangan kuwi ana gambaré, gambar kuwi tamatna!
  4. Mbak, aku ajarana carané sinau sing becik!
  5. Oraa juwara ning mbokya katut sepuluh besar.

3