Kaca:Kridha Basa 2.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kekajenganipun tiyang sanès.

Pirantos kanggé sesambetan antawisipun tiyang satunggal lan satunggilipun inggih punika basa.

  Tiyang sesambetan utawi srawung kaliyan tiyang sanès punika saged kanthi aben ajeng, nanging ugi saged alantaran sarana. Sarana punika ing salebetipun jaman majeng punika limrah kawastanan sarana komunikasi. Tembung sarana komunikasi punika tembung basa Indonesia. cara jawinipun kirang langkung ateges pirantos kanggé sesambetan. Wondéné sarana komunikasi, utawi pirantos kanggé sesambetan punika upaminipun pesawat télévisi, radhio, lan koran utawi serat kabar.

  Sapunika sedaya tiyang ing sadhengah papan, ingkang sami manggèn ing kitha ageng, ingkang sami dedunung ing kitha alit, punapadéné ingkang sami mapan ing dhusun-ngadhusun, sadaya sami tepang kaliyan télévisi, radhio, lan koran utawi serat kabar puníka. Sapunika télévisi, radhio, lan serat kabar punika sampun dados kabetahaning ngakathah. Kathah kemawon tiyang ingkang gesangipun ing saben dintenipun rumaos dereng jangkep, namung jalaran dèrèng maos koran ingkang medal ing dinten punika.

  Koran mekaten isinipun warni-warni. Upaminipun pakabaran bab kedadosan ing saindenging bawana ingkang kalebet wigatos. Koran ugi ngewrat kawruh warni-warni, upaminipun kawruh tetanèn, kawruh bab kasarasan, bab panggulawenthah, babagan ekonomi, lan kabudayan.

Mila, lumebetipun koran ing dhusun-ngadhusun punika saestu badhe ndayani rancaging lampahipun pembangunan ing dhusun ngriku. Awit, lumebetipun koran ing dhusun njalari indhaking seserepanipun para warganing dhusun ing bab punapa kemawon.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Wong urip butuh apa?
  2. Apa munpangaté srawung karo wong liya?
  3. Piranti kanggo srawung jenengé apa?
  4. Yen ora bisa adu arep, wong srawung nganggo sarana apa?
  5. Sarana komunikasi kuwi upamané apa?
  6. Layang kabar kuwi isiné apa baé?

15