Kaca:Kridha Basa 2.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-3

I. A. Wacanen batin!

Koran

 Tiyang gesang punika betah srawung kaliyan tiyang sanès. Menawi kapurih milih: dipun bruki bandha nanging babar pisan boten kénging srawung kaliyan tiyang sanès, punapa radi kirang sawatawis nanging srawungipun ombèr, limrahipun temtu milih ingkang angka kalih.

Ing salebetipun pasrawungan, tiyang saged nglairaken pamanggihipun, saged ngesokaken raosing manahipun, punapadéné saged ngedalaken pepénginanipun dhateng tiyang sanès. Kosokwangsulipun, ing salebeting pasrawungan tiyang saged mangertos pamanggihipun tiyang sanès, saged mangertos isining manahipun tiyang sanès, lan saged mangertos pepénginan utawi

14