Kaca:Kridha Basa 1.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Gancaran

Kamar Bandhosa
(Anggitané Ani Asmara)

.............................................................................. ”Piyé, Jon? Aku wis ora kuwat manggon omah sing angker kaya ngéné. Yèn terus-terus, kiraku sida mati kaku tenan awakku. Sapa gelem turu omah iki kang isi bandhosa. Sing kebangeten ya Pak Lurah. Ayo, Jon, rikat, lawangé sepèn tutupen manèh.”

Jana alon-alon menyat, lawang sepèn ditutup rapet, banjur lungguh ana lincak. Pak Jaka nututi ing sandhingé.
”Sabar dhisik, Kang. Saupama Kang Jaka ora gelem turu ana kéné, lha arep turu ana ngendi? Gèk mangka udané isih deres ngéne. Mbok ditata dhisik atiné, aja kaya bocah cilik. Aku dhéwé bareng weruh kahanan kaya ngéné, atiku ya padha bae karo Kang Jaka. Nanging bareng dakpikir jero, wong mung bandhosa baé kok diwedèni, awaké dhéwé rak tukang kayu, sok gawé bandhosa kaya ngono. Karo manèh barang mati, mangsa bisaa urip. Mula atimu kendel-kendelna to, Kang!”

Lagi tekan semono dumadakan unining manuk buntel mayit muni saut-sautan ora kaya sabaéné, saya gawé mirisé atiné Pak Jaka sing wis kebacut cilik.

”Enaké ayo wong loro padha mapan turu baé. Yèn wis turu rak ora wedi,” sambungé Jana.
”Kang, gajegé Kang Jaka nggawa kanthong kang isi rajah. Mbok coba dijajal, awit sakabehing piandel kuwi kudu disantosani karo batin,” sambungé Jana manèh bareng ora olèh wangsulan.

Kanthi rikuh Pak Jaka banjur nyandhak kasangé, kabèh isiné kasang diwetokaké. Dlingo benglé nuli digecek ana waton ambèn, banjur dipilisaké ing pilingané, kandhané sumrepet. Bubar kuwi wong loro kuwi banjur mapan turu ing ambèn dadi siji. Lampuné isih tetep kencar-kencar padhang.

92