Kaca:Kridha Basa 1.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

VI. Ing pérangan ngarep wis dipratélakaké manawa wong nganggit-anggit kuwi pendhapuking basané ana gancaran, ana sing mawa kacancang ing pathokan. Basa gancaran kuwi dhapukaning basa kaya basané wong guneman lumrah. Déné basa sing kacancang pathokan kuwi upamané nganggo ngèlingi kèhing wanda ing saben sagatra, ngèlingi tibaning swara ing pungkasaning gatra, lan sapanunggalané. Wujudé karangan kang kacancang ing pathokan kuwi upamané guritan (puisi) gagrak anyar.

Mara, tuladha pathikan karangan gancaran lan puisi gagrak anyar ing ngisor iki wacanen kang patitis!

A. Puisi Gagrak Anyar

Suling

(Anggitané Tamsir AS)

Suling thethulitan
awirama kuna
alelagon kuna
nganyut-anyut ngelangut
éndah
ngresepaké
nanging aku gela, aku cuwa
wis walèh
nikmati wirama kuna
aku bisa nyipta
lelagon lan wirama anyar
manut siliring angin
mekroking kembang
ombaking segara
nggawa gingsiran
angrenggani patamanan
ngikis pesisir, ngremuk ing karang
ayo padha lelagon anyar
wirama anyar
manut siliring angin anyar

(Guritan, Suripan Sadi Hutomo)

91