Kaca:Kridha Basa 1.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Anak : Inyong karo bapakké arep maring tegal bodin. mangkaté siki. Mbokké engko kon ngirim wedang. Ora susah nganggo pacitan. Nggawa gula jawa baé!
Biyung : Dénéng si kesusu ana apa?
Anak : Omongé bapakké, pumpung ésih ésuk. Dadi ésih aub. Inyong klalèn jeré nggoné tegalé.
Bapa : Ya gelis tapa! Takentèni karo mlaku.
Anak : Bapakké apa wis nyeluk bakul bodin maring tegal, Pak?
Bapa : Durung, Won! Engko baé yèn wis genah rampung tak mbeluk, pira suwené.
Anak : Bapakké, bapakké. Embahé engko soré takjujugané bodine, ya!
Bapa : Ya, kena. Embahé senengané bodin dibrongos. Engko pilihna sing gedhé-gedhé, ya.

(Medan Bahasa Basa Jawi, No. 4 Th II)

Basa Jawa ing tanah Jawa Tengah kuwi dhialèké warna-warna. Ana dhialèk Yoja/Surakarta (sing banjur dadi pathokaning pasinaon basa Jawa ing pamulangan), dhialèk Banyumas, dhialèk Tegal, lan sapituruté. Wong-wong sing basané kanggo pathokaning pasinaon basa Jawa mesthi baé ora kena banjur rumangsa basané luwih apik tinimbang dhialèk liyané, sarta banjur ngrèmèhaké basa dhialèk liya. Sabab, wong-wong sing basa dhialèké ora kanggo pathokaning pasinaon, kala mangsané uga rumangsa manawa dhialèké iku luwih pepak tinimbang basa sing dadi pathokaning pasinaon basa Jawa kuwi. Kaya tembunge wong banyumas kasebut ing ngisor iki:

”Lah jané basané wong Jogja kuwé ya kurang pepak. Jajal baé si dirasakena. Wong ngarani munthul ya téla (téla pendhem), ngarani bolèd ya téla (téla kaspa), ngarani gandhul ya téla (téla gantung). Kabeh kok diarani téla, tuli kurang jeneng temen. Ari inyong wong Banyumas tuli ya mbédak-mbédakaken, séjé jinisé ya séjé arané, dadi siji-sijiné genah.”

Dadi, antarané wong-wong sing padha duwé basa dhialek sing béda-béda kuwi ora kena padha poyok-poyokan sing tundone mung agawé crah.

90