Kaca:Kridha Basa 1.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Ora gombak ora kuncung,
    anggepé kaya tumenggung.
  2. Ora jogan ora longan,
    anggepé kaya pangéran.

Parikan sagatra ngrolas wanda mawa pedhotan 4 - 8, upamané:

  1. Kembang arèn sumebar tepining kalèn,
    aja dahwèn yèn kowé kepéngin kajèn.
  2. Klapa sawit wité cendhèk wohé alit,
    kudu ngirit aja dhemen kecèh dhuwit.

Ana uga parikan patang gatra. Gatra kapisan lan gatra katelu tunggal swara, déné gatra kapindho tunggal swara karo gatra kang kaping papat. Upamané:

  1. Enting-enting gula pasir,
    kacang cina goreng sangan,
    ngolang-ngaling tansah mikir,
    golèk sandhang lawan pangan.
  2. Rujak nangka rujak wuni,
    kaduk trasi kurang gula,
    saben dina den taberi,
    ngemi-ngemi basa Jawa.
  3. Godhong krambil jaré blarak,
    dikekrèki dadi sada,
    sapa wonge dhemen arak,
    prayitnaning ati suda.
  4. Biyang Surip tuku klobot,
    pethuk encik tawa roti,
    uwong urip pancèn abot,
    mula becik ngati-ati.

Pacelathon lumrah yèn kala-kala diselani parikan, bisa gawé resepé sing ngrungu. Guru wilangané ora pati dipikir, mung nengenaké purwakanthiné baé. Upamané:

87