Kaca:Kridha Basa 1.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dhéwé. Kabèh isih katon seger lan sumringah, ora ana sing suntrut lan sayah, mratandhani atiné seneng lan awaké waras.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Persami kuwi cekakané tembung apa?
  2. Apa karepé Pramuka nganakaké Persami?
  3. Kepriye kaanan ing pakemahan nalika dianakaké “api unggun”?
  4. Sabubaré Persami bocah-bocah isih katon seger lan sumringah. Mratandhani apa?
  5. Tembangnya bebarengan lagu “Hymne Pramuka”!


II. Ancasé Pramuka nganakaké Persami kuwi kanggo ngraketaké paseduluran. Paseduluran sing raket banget sanépané renggang gula kumepyur pulut.

A. Ukara-ukara sanepa iki rampungna, pilihen tembung sing cocog sing cumawis ing sisih tengen!

  1. Ulaté ....
  2. Kawruhé ....
  3. Gandané ....
  4. Awaké ....
  5. Utangé ....
  6. Kulité ....
  7. Cayané ....
  8. Omongané ....
  9. Dedegé ....
  10. Rasané ....

a. wuled godhong lumbu
b. abang dluwang
c. peret beton
d. dhuwur kencur
e. legi bratawali
f. bening leri
g. jero tapak meri
h. arum jamban
i. kuru semangka

j. arang wulu kucing


B. Kaanan ing ngisor iki piyé sanépané? Golèkna nganggo tembung sing ana ing sajroning kurung!

  1. Wewujudan sing lembut banget. (agal)
  2. Swara utawa pangandikan sing ngresepaké. (pait)
  3. Tatu sing kerep banget. (arang)
  4. Bobot sing ènthèng banget. (abot)
  5. Playu sing rikat banget. (lonjong)

80