Kaca:Kridha Basa 1.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

padha nganakaké Persami muga-muga tansah antuk pangayoman. Ora lali, Pramuka uga nyenyuwun, muga-muga arwahé para pahlawan kang padha ndhisiki gugur ana ing madyaning palagan tinampa ing pangayunaning Gusti Kang Maha Asih. Ing kono, ana ing sajroning upacara pembukaan kuwi, Kakak Majelis Pembina Kecamatan, Kakak Mabicam, njlentrehaké ancasé Pramuka nganakaké Persami. Yaiku: ngraketaké pasedulurané para anggota Pramuka, nglatih urip mandhiri, nggedhèkaké takwane anggota Pramuka marang Gusti Kang Murbèng Dumadi, ngipuk-ipuk rasa tresna marang nusa bangsa, lan sapanunggalané.

Benginé para Pramuka Penggalang nganakaké "api unggun". Saben regu ngladèkaké kesenian. Ana sing njoged joged daerah, ana sing nyanyi lagu daerah, ana sing maca geguritan sing isi panyandra èdi endahing tanah wutah getihe, yaiku negara Republik Indonesia. Uga ana regu sing ngetokaké drama perjuangan, nggambaraké perjuangané bangsa Indonesia nalika ngrebut kamardikan lan banjur mbélani adeging negara Republik Indonesia. Cekaké swasana ing pakemahan ing wengi kuwi gayeng banget. Apa maneh nalika semana mangsa terang tur padhang rembulan pisan. Ing langit rembulané katon ngégla, lan sumunar madhangi bawana, muwuhi rasa sengsem lan ayem. Sarampungé pésta "api unggun" para Pramuka padha bali menyang tendhané dhéwé-dhéwé, tata-tata mapan turu.

Jam papat bangun ésuk para Pramuka wis padha tangi. Sing ngrasuk agama Islam padha bebarengan nindakake salat subuh. Sabanjuré para Pramuka padha tata baris ana ing lapangan, kabèh manganggo sandangan olahraga. Sawisé temata, banjur padha senam, Senam Pagi Indonesia. Bubar sarapan isih ana acara warna-warna, acara lomba. Ana lomba "mencari jejak", lomba PPPK, lomba semapur, tali-menali, mangsak, lan liya-liyane.

Ing bab lomba iki sing baku ora anggoné padha kepengin menang, nanging sing perlu mbudidaya undhaking kawruh lan ketrampilan.

Jam loro awan upacara penutupan. Bubar upacara penutupan para Pramuka padha mulih menyang omahé dhewé-

79