Kaca:Kridha Basa 1.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Katrangan:

  1. Tembang Asmaradana telung pada ing dhuwur kuwi pethikan saka buku Serat Rama anggitané R.Ng. Yasadipura I.
  2. Serat Rama kuwi baboné saka crita kuna, crita Ramayana.
  3. Anggitané R.Ng. Yasadipura I ana telung warna, yakuwi jarwan, bangunan, lan yasan.
    Sing klebu buku jarwan, upamané: Serat Rama, Serat Bratayuda, Serat Wiwaha Jarwa.
    Déné sing klebu bangunan upamané: Serat Ménak, Serat Ambiya, lan Taju Salatin.
    Buku-bukuné R.Ng. Yasadipura I sing klebu éwoné yasan upamané: Babad Giyanti, lan Serat Cebolèk.

70