Kaca:Kridha Basa 1.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mara, gawéa karangan cekak aos nganggo basa krama, critakna bab sekuthoné rakyat karo bapak-bapak Tentara dhèk jaman perang kamardikan kuwi!

V. Pacelathon iki apalna, banjur tindakna ana ing ngarep klas karo kancamu!

Pak Lurah : Sedhèrèk-sedhèrèk kula para warganing dhusun Padhas ingkang kula tresnani. Panjenengan kula aturi nglempak wonten ing balé dhusun ngriki badhé kula ajak rembagan bab rancanganipun bapak-bapak ABRI ingkang badhé rawuh ngriki mbiyantu kula panjenengan sedaya mbangun dhusun Padhas.
Pak Ménta : Punapa ingkang badhé dipun rembag, Pak Lurah? Bab ragadipun punapa bab punapanipun.
Pak Lurah : Bab ragadipun boten, Pak Minta.. Kagem dhaharipun wonten ing ngriki bapak-bapak Tentara sampun ngasta piyambak.
Pak Karja : Lajeng, bab punapa ingkang badhé dipun rembag.
Pak Lurah : Kathah, Pak. Upaminipun, wonten pundi mangké Pak Tentara anggenipun badhé ngedegaken tendha, sinten sedhèrèk ngriki ingkang ngrigen-ngrigenaken, lan sapiturutipun.
Ketua LKMD : Mesthinipun ugi rancangan saking kula panjenengan sadaya bab punapa kemawon ingkang badhé kasuwunaken bantuan iguh pratikel lan bau sukunipun Pak Tentara.
Pak Sangaji : Menawi bab punika, punapa boten cekap LKMD lan Bapak Lurah kemawon ingkang ngrancang?
Pak Lurah : Leres, Pak Sangaji. Kula kaliyan LKMD sampun damel rancangan. Rancangan punika sapunika badhé kula ajengaken wonten ing ngriki, dipun rembag sesarengan. Yèn wonten kirangipun dipun wewahi, menawi kekathahen dipun kirangi.

68