Kaca:Kridha Basa 1.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Kaanan-kaanan iki golèkano paribasane, nganggo tembung sing ana ing jero kurang!

  1. Ninggal pagawéan sing durung rampung. (kokoh).
  2. Nyeled kasaguhan. (idu)
  3. Éthok-éthoké kekancan, sejatiné memungsuhan. (rowang).
  4. Sugih omong, nanging uga mrantasi gawé. (criwis)
  5. Kétoké tetulung, nanging malah gawé rekasane sing ditulungi. (tulung)
  6. Ora gelem mèlu kangélan, nanging mélik kasilé. (jamur)
  7. Wong kang bisa mentas saka kaskayané dhéwé. (opor bèbèk)
  8. Warta kuwi adhakané mundhak utawa suda saka nyatané. (pawarta)
  9. Bisa nangguh mangsa, utawa bisa milah-milahaké kaanan. (angon)
  10. Lamis, omongane mung kanggo ngenaki atiné liyan. (lambe)


III. Tuladha:

Sawisé dirancang tharik-tharik, ing dina kang wis ditemtokaké bapak-bapak ABRI kelakon teka ing desa Padhas.

a. Dirancang kuwi asalé saka tembung rancang éntuk ater-ater di.
b. Tharik-tharik kuwi asalé saka tembung tharik sing dirangkep.

Tembung rancang lan tembung tharik jenengé tembung lingga: tembung dirancang lan tembung tharik-tharik jenengé tembung andhahan.

Owahe tembung lingga dadi tembung andhahan kuwi ana kang sarana diwènèhi ater-ater, ana sing diwènèhi panambang, ana sing sarana diwènèhi seselan, ana sing sarana dirangkep, ana sing sarana diwor utawa dicambor karo tembung lingga liyané.

66